20 July 2010

Semedhi Pokok Pangapuro


Oleh : Sigit suryono


Pepundenku ngelmu kuwoso,
ngelmu nyoto,
ngelmu roso,
roso sejati sejatining gaib.


Dak susupake marang karep
karep kulo nyuwun pangapuro kulo sak kukupan,
nyuwun sepi hing alangan,
luputing pengatur,
luput kulo ingkang sampun kulo lampahi, soho luput kulo ingkang dereng kulo lampahi mugi-mugi kersaning kodrat ngepasi sedoyo panyuwun kulo.


Kulo sampun ngandel ingkang kulo andel dzat kulo kang kuwoso, kulo sampun pasrah ingkang kulo pasrahi iradat kulo karso, kulo sampun manut inkang kulo anut ngelmu kulo kang kuwoso.


Soho nyuwun dhuwur kukus kulo,
nyuwun jembar jagad kulo,
nyuwun mandi pangucap kulo,
nyuwun tebih kuncoro kulo,
nyuwun megar sekar kulo,
nyuwun megrok paying kulo,
nyuwun lepas budi kulo,
nyuwun wicaksono manah kulo,
nyuwun linulutan poro sedherek kanan kering tepis keringpendheke sepuluh pos pesagi jembare, soho poro sedherek kakung- putri enem- sepuh ageng-alit sedoyo samiyo welas asih dhumateng badan kulo sak kukupan.


Wondhene wonten sedherek ingkang ngino soho ngiyas dumateng badan kulo sak kukupan dipun paringono deduko piweleh dating hak pepundhenipun piyambak-piyambak,
soho kulo sageto nyambet damel
angsal asihe roso sejati ingkang ageng.


Roso sejati tetep dak suwun madhep.

Keterangan:
Praktek pernapasan,
napas mlebu: HUK,
napas metu: ALLAH


Suwene Patrap Pasemeden : ¼, ½,1 jam.

Panuntun

No comments:

>>>

-



-