09 April 2010

Piwelinge Leluhur Nuswantara


‘Pratandha nyata leluhur Nuswantara’

sinom

Pada sira ngelingana,
Carita ing nguni-uni,
Kang kocap ing serat babad,
babad nagri majapahit,
nalika duking nguni,
sang-a Brawijaya prabu,
Pan samya pepanggihan,
Kaliyan njeng sunan Kali,
Sabda palon rencangira.


Sang-a prabu Brawijaya,
Sabdanira arum manis,
Nuntun dateng punakawan.
‘Sabda palon paran karsi’
Jenengsun sak puniki
Wus ngrasuk agama rasul
Heh ta kakang manira,
Meluwa agama suci,
Luwih becik iki agama kang mulya.

Sabda palon matur sugal,
‘Yen kawula boten arsi
Ngrasuka agama islam
Wit kula puniki yekti,
Retuning Dang Hyang Jawi
Momong marang anak putu.
Sagung kang paranata
Kang jumeneng tanah jawi,
Wus pinasthi kawula pisahan.
Klawan paduka sang nata,
Wangsul maring sunya ruri,
Mung kula matur petungna,
Ing benjang sak pungkur mami,
Yen wus prapta kang wanci,
Jangkep pitung atus taun
Wit ing dinten punika,
Kula gantos kang agami,
Gama Buddha kula sebar tanah jawa

Sinten tan purun nganggeya,
Yekti kula rusak sami,
Sun sajekken putu kula,
Berkasakan rupi-rupi,
Dereng lega kang ati,
Yen during lebur atempur,
Kula damel pratanda,
Pratanda tembayan mami,
Hardi mrapi yen wus njebluk mili lahar.

Ngidul ngilen purugira,
Ngganda banger ingkang warih,
Nggih punika medal kula,
Wus nyebar agama budhi,
Merapi janji mami,
Angereng jagad satuhu,
Karsaning jawata,
Sadaya gilir gumanti,
Boten kenging kalamunta kaowahan.

Sanget-sangeting sangsara,
Kang tuwuh ing tanah jawi,
Sinengkalan tahun nira,
Lawon sapta ngesti aji,
Umpami nyabrang kali,
Prapteng tengah-tengahipun,
Kaline banjir bandhang,
Jerone ngelebne jalmi,
Kathah sirna manungsa prapteng pralaya.

Bebaya ingkang tumeka,
Warata sak tanah jawi,
Ginawe kang paring gesang,
Tan kenging dipun singgahi,
wit ing donya puniki,
wonten ing sakwasanipun,
sedaya pra jawata,
kinarya amertandhani,
jagad iki yekti ana kang akarya.

Warna-warna kang bebaya,
Angrusaken tanah jawi,
Sagung tiyang nambut karya,
Pamedal boten nyekapi,
Priyayi akeh beranti,
Sudagar tuna sedarum,
Wong glidhik ora mingsra,
Wong tani ora nyukupi,
Pametune akeh sirna aneng wana.

Bumi ilang berkatira,
Ama kathah kang ndathengi,
Kayu kathah ingkang ilang,
Cinolong dening sujanmi,
Pan risakno nglangkungi,
Karana rebut rinebutan,
Risak tataning janma,
Yen dalu grimis akeh maling,
Yen rina-wa kathah tetiyang ambegal

Heru-hara sakeng janma,
Rebutan ngupaya bukti,
Tan ngetang angering praja,
Tan tahan perihing ati,
Katungka praptaneki
Pageblug inking linangkung,
Lelara ngambra-ambra,
Waradin sak tanah jawi,
Enjing sakit sorenya sampun pralaya,

Kesandung wohing pralaya,
Kaselak banjir ngemasi,
Udan barat salah mangsa,
Angin gung anggegirisi,
Kayu gumg brasta sami,
Tinempuhing angina gung,
Kathah rebah amblasah,
Lepen-lepen samya banjir,
Lamun tinon pan kados samudra bena.

Alun minggah ing daratan,
Karya rusak tepis wiring,
Kang dumung kering kanan,
Kajeng kathah ingkang keli,
Kang tumuwuh apinggir,
Samya kentir trusing laut,
Sela geng samya brasta,
Kabalebeg katut keli,
Gumalundhung gumludhug suwaranira.

Hardi agung-agung samya,
Huru-hara ngegirisi,
Gumleger swaranira,
Lahar wutah kana kering,
Ambleber angelepi,
Nrajang wana lan desagung,
Manungsanya keh brasta,
Kebo sapi samya gusis,
Sirna gempang kang mangga puliha.

Lindu ping pitu sedina,
Karya sisahing sujanmi,
Sitinipun samya nela,
Brekasakan kang nelesi,
Anyeret sagung janmi,
Manungsa pating galuruh,
Kathah kang nandhang roga,
Warna-warna ingkang sakit,
Awis waras akeh kang prapteng pralaya.


Sabda palon nulya muksa,
Sakedhap boten kaeksi,
Wangsul ing jaman limunan,
Langkung ngungun sri bupati,
Njegreg kang bisa angling,
Ing manah langkung gegetun,
Keduwung lepatira,
Mupus karsaning Dewadi,
Kodrat iku sayekti tan kena owah.

Miturut carita kuna,
Wecaning jalma linuwih,
Kang wus kocap aneng jangka,
Manungsa sirna sepalih,
Dene ta kang bisa urip,
Yekti ana surutipun,
Kinarya bebaya,
Kalise bebaya yekti,
Pada sira ngulatana kang wineca.

Wus kocap ing Jayabaya,
Manungsa urip puniki,
Kadya rumput aneng wana,
Gunane linuku sami,
Yekti kathah ingkang lebur,
Kalamun nedya nyuwuna,
Luput ing sakalir kaki,
Garu luku bisa slamet selanira.

Pada sira ngupayaa,
Sarana ingkang sayekti,
Sahadat ingkang sampurna,
Sampurna jating ning urip,
Kalamun tan kena bisa holeh,
Nyatakna ingkang satuhu,
Kang nganti prapteng pralaya,
Laya sajroning urip,
Iya iku margining kalis bebaya,

Yen sira during uninga,
Takokna guru kang yekti,
Kang wus pupus kawruhira,
Kawruh ing kasedhan jati,
Beda budhining yekti,
Kang kok anut rinten ndalu,
Ing ngendi dunungira,
Lawan asalira iki,
Yen wis laya iku ing ngendi dunungnya,


Dandang gula

Angidunga piweling kaki,
Sabdopalon pamong nuswantara,
Ameca sengsarane,
Rakyate nuswantara gung,
Nampi sasmitaning hyang widdhi,
Kalambangan wong anyabrang,
Prapteng tengah tempuh,
Sangka bantere kang bena,
Yaiku ‘ gapura-sapta-ngesti-aji’
Keh jalma kang pralaya.

Nandang rekasa wong tanah jawi,
Kadya kersaning sang murbeng alam,
Meruhna pra kawulane,
Lamun ta jagad puniku,
Pangeran kang mengku adil,
Nuju becik lan ala,
Kang nandur kang ngunduh,
Nandura wohing priyangga,
Den alami kinarya amertandani.

Sarananing peparing warni-warni,
Sangkan paran wujuding bebaya,
Angrusak tanga jawine,
Wong aglidig datan cukup,
Nambut karya datan nyekapi,
Priyayi akeh kaliren,
Sudagar da ambruk,
Tatanan akeh kang sirna,
Rinusak ing hama katerak ing paceklik,
Abot uriping jalma.

Raharjaning bumi ilang yekti,
Mubale harda sakkelangkung ndadra,
Tuhu agung karusakane,
Keh padung wanci dalu,
Datan tentrem uripe jalmi,
Ing rahina akeh begal,
Pada rebut ducung,
Mbalela tindak durjana,
Nagri kawedan anggenira ngadili,
Jalaran tan cilik pidana.

Kalampahan dangune tigang warsi,
Jalma taksih jroning huru-hara,
Rebutan sandang pangane,
Lali sanak sedulur,
Marga tanpa ana sihing ati,
Lali angering praja,
Amung mburu nafsu,
Gya katunggka praptanira,
Pageblug kang anyar ing tanah jawi,
Keh jalma kang pralaya.


Dadya rusak pra umat sami,
Kesandung bae temah pralaya,
Tigang wujud dadine,
Udan barat angagung,
Kayu gung samya rebah sami,
Mlasah sami rebah,
Kali bena ngegirisi satuhu,
Kadya benaning samudra,
Kang katerak datan saged nanggulangi,
Larut kableber sirna,

Tanda ingkang sanget anggegirisi,
Alun samya minggah ing daratan,
Angrusak tepis wiring,
Karya getering kalbu,
Kang dumunung ing kanan kering,
Kayu-kayu keh kang kendang,
Pada sirna larut,
Sela ageng samya brasta,
Gumalundung mblasah katut iline kali,
Gumludug swaranira,

Sakhatahing redi mledos sami,
Nggegirisi urubing dahana,
Gumleger sru swarane,
Muntah lahar lan watu,
Mlabar ngelepi kanan kering,
Nrajang wana lan desa,
Manungsa keh lampus,
Kebo sapi gusis samya,
Raja kayadatan ana sawiji.
Tan wonten mangga puliha,

Wasana sebel horoging bumi,
Ana lindhu ping pitu sedina,
Karya ngrusak jalmane,
Anela sitinipun,
Brekasakan sami kaeksi,
Nyeret sagunging jalma,
Ginaruk waluku,
Nlisip sela-selanira,
Yaiku jalma kang weruh sahadat jati,
Wisiking hyang suksma.

Lamun mangke tetenger wus kaeksi,
Ingkang prapti ing tanah jawa,
Manjat ing tengah rakyate,
Kinanthi anak putu,
Wujud brekadsakan lan demit,
Sun sebar kawruh nyata,
Agama satuhu,
Meruhna ing makripat,
Gami budhi nenggih kawruh kang sejati,
Kinaryan wisik hyang suksma.

Papesthene nusa tekan janji,
Yen wus jangkep pitung atus warsa,
Kapetung jaman Islame,
Musna bali maringsun,
Gami budhi madeg sawiji,
Sapa kang ngemohna,
Yekti nampa bendu,
Sun pakakna putuning wang,
Nedya pratandha wastane linun demit,
Gegila myang lelara,

Dateng weweka tendon demit,
Aja sira samya angedirna,
Anedya lawan demite,
Yekti sira diguyu,
Para demit ya putu mami,
Aja anantang yudha,
Ngedirna ngelmu,
Myang srana marupi-rupi,
Kabeh mara tan pasah ing awak demit,
Balik nyabet mring sira.
Jangkane nusa wus akeh wangsit,
Wineca ing jalma kang waskitha,
Ing primbon jayabayane,
Janma tan panggah-pungguh,
Wineca sirnaning sepalih,
Dene ingkang waluya,
Perlu samya weruh,
Takokna guru kang sejati,
Kang wus putus kawruhya,
Wikan manjing alus,
Bisa ngajal jroning gesang,
Wuninga marang sangkan paraning dumadi,
Perlu sira upaya.

Nyatakna yen sira wis wiwit,
Kabeh wasitane gurunira,
Meruhna makripate,
Manungsa urip iku,
Suket aneng wana petani,
Yen wus tekane masa,
Ginaruk waluku,
Ingkang mleset selanira,
Iku jalma kang weruh sahadat jati,
Wisiking hyang suksma,

Menawi sira anyulayani,
Marang geguritanira gesang,
Lamun abot pinangkane,
Urip iku satuhu,
Nggawa sarengate hyang widhi,
Kurda nyidra mring karsa,
Karsaning hyang Agung,
Marang geguritane gesang,
Gesang mbabar sangkan paraning dumadi,
Waskiyha madya padha,

Gegelare sahadat sejati,
Kersa lamun iku tinggal,
Tunggal kabeh myang uripe,
Kabeh urip myang lampus,
Pratanda yen agung Hyang Widhi,
Kuwasa nganakne jagad,
Myang kuwasa ngukut,
Paranira kabeh sipat,
Marang sangkan paraning dumadi,
Yekti sumber purnanira,

Mbabar gesang wujuding dumadi,
Gelar wawaraning Kawruh,
Warata para umate,
Tumeka janjinipun,
Para umat ngungkurna kawruh,
Tan taksih ngrasuk agama,
Tan weruh kang satuhu,
Amung anggondeli sarengat,
Agami tan wuninga ing ati,
Ngrusakke sang kawula,

Thathit kliweran ing nusa jawi,
Pratanda mring wong nuduhna,
Sampurnakna agamane,
Yeku kawruh nyata,
Ngelmu nyata kang sampurna,
Duk jaman brawijaya,
Ingsun datan purun,
Angrasuk agama islam,
Marga ingsun uninga agama niki,
Nlisik saking kang nyata.

Ngelingana he pra umat sami,
Yen sira tan ngetut kersaning wang,
Yekti abot panandange,
Ingsun pikukuhipun,
Nuswantara ing saindenging,
Bawana kang sisih wetan,
Asia puniku,
Kasigegan swasana,
Sabda kasabdakna mring bawana wadag iki,
Lumantar sri Buwana,

Semut ireng ngendog jroning geni,
Ana merak memitran lan baya,
Keyong sak kenong matane,
Tikuse pada ngidung,
Kucing gering kang nunggoni,
Kodok newu segara,
Oleh bantheng sewu,
Precil-precil kang anjaga,
Semut ngangrang angrangsang gunung merapi,
Wit ranti woh delima.


No comments:

>>>

-



-