Loading...

09 April 2010

Pituduh Bab Kawruh Kasampurnan


Manungsa puniko kedah sumerep ing Baitu’llahipun, badanipun manungsa puniko Baitu’llah ingkang sayektos, yasanipun ingkang moho kuwaos, milo kedah dipun rekso. Sinten sumerep asaling badanipun, sumerep budi-hawanipun inggih puniko ingkang saged kangge tulodo.

Jagad puniko raganing gusti ingkang asipat budi lan hawa, sampun dados wajibing manungsa manut datheng eling budi karepan lan kawruhipun.
Jagading manungsa puniko sampun mengku alam sahir kabir, sampun pepak: akhirat, swarga, neraka, arasj kursi.

Pejahing manungso ingkang utami puniko nemahi tigang perkara: putus, tilas, pulih. Wujudipun risak, nanging ingkang risak naming ingkang asal saking roh idlafi, uripipun langgeng naming rogo pisah kaliyan sukmo.

Dene gusti allah puniko mboten kanta mboten warna, wujudipun naming asma, nglimputi wonten donya tuwin akhirat, tepangipun amung kados cahyaning lintang lan rembulan. Kepanggihe cahyo murub dados satunggal, mboten pisah mboten kumpul, tebih mboten mawi wangenan, tebih mboten panggihan. Naming dzatipun nglimputi sadaya wujud.

Manungsa raganipun asal nutfah, sowan hyang latawalhudja, manawi panggenan sampun sepuh, nyuwun ingkang enggal, dados mboten wongsal-wangsul ingkang dipun wastani pejah gesang.
Urip tetep langgeng mboten ewah gingsir, ingkang pejah naming raganipun, manawi raganipun sampun sepuh, sukmanipun medal, nyuwun gantos ingkang sae, nglangkungi ingkang samoun sepuh. Nutfah sampun ngantos ebah saking jagadipun, jagadipun manungsa puniko langgeng mboten ewah gingsir. Inking ewah puniko makaming raos rogo wadag ingkang asal saking roh idlafi.

Jagadipun tiyang puniko guwo sir cipto namanipun, dipun bekto datheng pundi-pundi mboten ewah, umuripun sampun dipun pastekaken, mboten saged ewah gingsir, sampun dipun serat wonten lochil-makful. Bejo cilakanipun gumantung wonten ing budi nalar lan kawruhipun.
Raga puniko dipun ibarataken baita, dene sukmonipun inggih tiyang ingkah wonten baita wau, inking nedahaken pandomipun, manawi baitanipun lumampah nangging salah pandomipun tamtu manggih celaka, baita pecah tiyngipun rebah.
Pramilo kedah mapan, mumpung baitanipun taksih lumampah, padeso kawruh ingkang katah, kawruh nyoto ingkang sampurno. Kawruh kasunyatan ingkang saged kangge sangu gesang, gesang langgeng ingkang mboten saged pejah.

Madosi asal mulaning dumadi, kasunnyatan jati. Ngelmuning gusti allah puniko sampun wonten githokipun piyambak-piyambak, wujudipun puji tok, dudu puji karenteging ati, dudu puji ingkang metu saking lesan, nanging puji jatining kawruh, kang ngawruhi sejatining urip, urip dadi wewayanganipun dzating pangeran, manungso biso opo? Mobah mosik mung sadremo nglakoni, budi kang ngobahake,  sabda iku metu seko ing osik, osik metu soko ing cipta, cipta metu soko ing karep, karep metu soko ing budi, budi iku dzate kang maha agung,

Agung iku wis samekto, tanpa kurang lan wuwuh,  ora arah ora enggon. Mboten tebih mboten celak, kita wayanganipun wujud sipating sukmo, dipun anggep sariro tunggal, budi hawa badan. Tiganipun sareng tumindakipun, mboten pisah inggih mboten kumpul. Kantun asmo nglimputi badan, mboten enem mboten sepuh, mboten pejah mboten gesang, gesangipun nglimputi salebeting pejahipun. Pejahipun nglimputi salebeting gesangipun, langgeng salaminipun,

Mungguh dasaring kawruh ono sak perangan perkoro:
  1. Sarak yaiku sataring ngaurip yoiku: nampik-milih, iktiyar lan manggaota.
  2. Sari’at yaiku saringane kawruh agal-alus.
  3. Tarekat yaiku kang nimbang lan nanding bener luput.
  4. Hakekat yaiku wujud kersaning Allah, ingkang ngobahake sarto ngosikake budi, eruh ora kasamaran ing sawiji-wiji.

    Milo wajibing manungso nyinau warna-warna sastra paringe kang maha kuwoso supados sugih pangerten lan elingan, saiggo mangerti dawuh lan wangsite pangeran. Biso metik who kawruh lan who budi, pametike sak piro sakgaduke.
    Sastraning gusti Allah iku nglimputi ing njero, lan manut wujud, yaiku kang diarani sastra urip, manungsa ora biso anggayuh, sadadyan para auliya, anggone ngayuh yo mung sakgaduke.

    Yen manungso arep weruh sastraning gusti Allah, tulisan-tulisan ing sakperangan sastra suci kang ono ora keno di tonton nganggo mripat lair, kudu ditonton nganggo mripat bathin, yen mangkono lagi biso katon.

    Gusti allah iku mung sawiji, nanging dzate ngrambahi sakkabehing wujud, yen ndeleng kudu nganggo ati kang wening, ora keno kacampuran pikiran kang warno-warno, sarto kudu kang meleng anggone mawas, supoyo ora kleru karo nyatane. Mulo welingku marang siro kabeh, ngupoyoo kawruh kang nyoto, yaiku kawruh kang gandeng karo kamuksan.

    No comments:

    >>>

    -



    -